Nalika iku dina Setu, pasarane lali Pon, Paing? mbuh, seminggu kepunggur. Aku lan kanca-kanca saka NCU kene lunga menyang pameran komputer ing Taipei. Saka kene jam 9 esuk. Aku lan kanca loro liyane lunga Taoyuan sik sebab dheweke sak kloron arep njupuk kartu ARC sing wis dianyarna. ARC iku KTP kene. Kanca loro liyane langsung menyang Taipei.
Gambar ing ndhuwur iki tak jepret minangka bukti yen aku pancen temen-temen menyang pameran. Lagi sepisan iki aku nonton pameran komputer ing kene. Lha yen isih ing Ngayogjakarta mbiyen, aku ya jarang nate lali nonton pameran komputer ing JEC.
Jalaran wis telat, lan dina iki dina pungkasan pameran, tiketku ora kabeh kegawe. Kudune ana 6 ruangan sing isa dileboni nganggo tiket iki. Ning aku mung bisa ndelok pameran sing ing Nankang. Aku babar pisan ora ndelok sing ing cedhak menara 101.
Regane tiket 200 NTD. Ing papan pameran sing tak leboni, jebule beda karo pameran JEC. Pameran ing kene pancen murni pameran. Produk-produk anyar digelar ing kene. Saperangan akeh brosur ora ana sing nerangna rega produk.
Dol tinuku produk ora bisa langsung. Yen ana sing karep tuku, ing kene wong bisa ninggali dhuwit panjer. Njupuke barang ya ing toko-toko sing paling cedhak.
Friday, June 12, 2009
Ndelok pameran komputer
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
0 comments:
Post a Comment